Yusak 11:11-14 Kitab Sutji (JAV)

11. Kabeh kang urip ana ing kutha mau dipateni klawan landheping pedhang, wong-wong ing kono padha katumpes. Kabeh kang ambekan ora ana kang diuripi siji-sijia, dene Hazor diobong.

12. Sabanjure sakehing kuthane para ratu mau padha dirayud Senapati Yusak lan ratune kabeh padha disedani klawan landheping pedhang, padha ditumpes kaya kang dadi dhawuhe Nabi Musa, abdine Sang Yehuwah.

13. Nanging sakehing kutha kang kaprenah ana ing tetengger iku padha ora diobongi dening wong Israel, kajaba mung Hazor dhewe iku kang diobong dening Senapati Yusak.

14. Dene sakehe jarahane kutha iku lan raja-kayane dijarah wong Israel, nanging wonge padha dipateni kabeh klawan landheping pedhang, nganti tumpes tapis. Kang ambekan ora ana kang diuripi.

Yusak 11