Yokanan 4:30-37 Kitab Sutji (JAV)

30. Wong-wong mau tumuli padha mangkat menyang ing sajabane kutha sowan marang ngarsane Gusti Yesus.

31. Nalika samana para sakabate tumuli matur marang Gusti Yesus, unjuke: “Rabbi, sumangga Paduka dhahar!”

32. Nanging Gusti Yesus ngandika: “Aku duwe pangan kang ora padha koksumurupi.”

33. Kang iku para sakabat padha sapocapan: “Apa kira-kira ana wong kang nyaosi dhahar?”

34. Pangandikane Gusti Yesus: “Kang dadi panganKu iya anggonKu nglakoni karsane kang ngutus Aku, sarta ngrampungake ayahane.

35. Rak ana ujarmu kang mangkene: Kurang patang sasi nuli panen. Nanging pituturKu ing kowe: Padha delengen ing kiwa tengenmu lan tamatna pategalan-pategalan, kang katon kuning iku wus kena dieneni.

36. Saiki kang derep wus tampa bawon, sarta nglumpukake woh kang tumuju marang ing urip langgeng, satemah kang nyebar lan kang derep loro-lorone padha bungah.

37. Awit tumrap iki bener bebasan kang muni mangkene: Kang siji nyebar, sijine kang ngeneni.

Yokanan 4