12. Manawa sira wicaksana, kawicaksananira iku kanggo sira dhewe,sarta manawa sira ambek memoyok, iku sira dhewe kang bakal nanggung.
13. Wong wadon bodho iku criwis,banget anggone ora duwe pangalaman lan ora duwe isin.
14. Lungguh ana ing ngarepe lawange omahe,ana ing kursi ing papan-papan kang dhuwur ing kutha,
15. lan wong kang padha lumaku liwat ing dalan,kang jujur lakune padha diundang, celathune:
16. “Sapa kang ora duwe pangalaman, iku padha mrenea,”lan wong kang cupet budine iku dituturi: