Wulang Bebasan 26:17-20 Kitab Sutji (JAV)

17. Sing sapa nyampuri prakara padune wong liya,iku kaya wong kang nyandhak kupinge asu kang lagi liwat.

18. Kayadene wong owah kang nglepasakepanah geni, panah lan pepati,

19. iya kaya mangkono wong kang culika marang pepadhane,sarta ngucap: “Aku mung geguyon bae.”

20. Manawa kayune entek, genine mati,manawa si tukang mitenah ora ana, tukar-padu sirep.

Wulang Bebasan 26