9. Mikir kabodhoan iku marakake dosa,sarta wong ambek memoyok iku nistha tumrap manungsa.
10. Saupama ing dina karubedan atimu semplah,iku nelakake kuranging kekuwatanmu.
11. Wong kang diglandhang arep dipateni iku luwarana,lan kang sempoyongan marani papan panyembelehan, iku slametna.
12. Manawa kowe kandha: “Prakara iku ora ngreti temenan!”Pangeran kang neter ati apa ora mirsa ing sanyatane?Apa Panjenengane kang rumeksa nyawamu iku ora mirsa,iku males marang manungsa miturut panggawene?