Wulang Bebasan 18:1-4 Kitab Sutji (JAV)

1. Wong kang ndhewe, iku ngupaya pepenginane,saben panimbang njalari nepsune.

2. Wong gemblung iku ora seneng marang pangreten,mung dhemen njereng isining atine.

3. Samangsa duraka iku teka, tindak ngremehake uga teka ngetutake,sarta cacad iku dibarengi pamoyok.

4. Tembunging cangkeme wong iku kaya banyu kang jero,nanging sumber kawicaksanan, iku kaya kali kang mili.

Wulang Bebasan 18