3. Wong kang njaga cangkeme, iku ngreksa nyawane,sapa kang crawak, iku bakal katempuh ing karusakan.
4. Atine wong kesed iku kebak pepenginan, nanging tanpa guna,balik atine wong sregep iku kaparingan kaluberan.
5. Wong kang bener iku sengit marang goroh,nanging wong duraka iku gawe wirang lan gawe alane awake dhewe.
6. Wong kang lakune saleh iku kareksa dening kabenerane,nanging kang gawe dosa digawe sangsara dening durakane.
7. Ana wong kang sumugih-sugih, nanging ora duwe apa-apa,ana uga kang ethok-ethok miskin, mangka bandhane akeh.