Wulang Bebasan 13:13-16 Kitab Sutji (JAV)

13. Sing sapa ngremehake pangandika, iku bakal nanggung akibate,nanging sapa kang manut marang prentah, iku bakal tampa piwales.

14. Piwulange wong wicaksana iku sumbering urip,ndadekake wong ora kena ing kalaning pati.

15. Budi kang utama ngolehake sih,nanging dalane wong cidra iku ndadekake cilakaning wong iku.

16. Wong kang prayitna tumindak kanthi kawasisan,nanging wong bodho ngetokake bodhone.

Wulang Bebasan 13