Para Hakim 9:6-13 Kitab Sutji (JAV)

6. Sakehing wong ing kutha Sikhem lan ing Bet-Milo banjur padha nglumpuk ana ing sacedhake wit elon ing panggonan tugu pangeling-eling kang ana ing kutha Sikhem, njumenengake Sang Abimelekh dadi ratu.

7. Bareng Sang Yotam kawartanan bab lelakon iku mau, tumuli tindak sarta mapan ing pucaking gunung Gerizim, banjur nguwuh-uwuh kalawan swara seru marang wong-wong mau, mangkene: “Lha mugi sami midhangetna atur kula, dhuh para ingkang sami manggen ing kitha Sikhem, supados Gusti Allah inggih miyarsakna atur panjenengan ugi.

8. Ing satunggaling dinten wit-witan sami nglempak badhe milih ingkang badhe dipun jebadi dados ratunipun. Tembungipun dhateng wit jaitun: Sumangga panjenengan kula aturi dados ratu kula!

9. Nanging sami dipun wngsuli dening wit jaitun wau: Apa kiramu aku gelem ninggal lengaku, kang kanggo ngluhurake gusti Allah lan manungsa, banjur lunga nglayang ana ing dhuwur wit-witan?

10. Wit-witan tumuli sami nembung dhateng wit ara: Sumangga ta, panjenengan kula aturi dados ratu kula!

11. Nanging wit ara mangsuli: Apa kiramu aku gelem ninggal lelegiku lan wohku kang becik-becik, banjur lunga nglayang ana ing dhuwur wit-witan?

12. Wit-witan lajeng sami nembung dhateng wit anggur: Sumangga ta panjenengan kula aturi dados ratu kula!

13. Nanging wit anggur mangsuli: Apa kiramu aku gelem ninggal duduhe wohku anggur, kang ndadekake renaning panggalihe Gusti Allah lan gawe senenging manungsa, banjur lunga nglayang ana ing dhuwur wit-witan?

Para Hakim 9