3. Dene Gusti Allah wus ngulungake ratune wong Midian, yaiku Oreb lan Zeeb marang ing tanganmu; apa kang wus daktindakake iku apa ta, yen katandhing karo panggawemu iku?” Bareng Sang Gidheon ngandika mangkono, tumuli lilih nepsune wong mau marang panjenengane.
4. Sarawuhe Sang Gidheon ing bengawan Yarden, banjur nyabrang kadherekake bala telung atus mau, sanadyan isih padha sayah, ewadene iya isih padha ngoyak.
5. Wong ing Sukot tumuli padha dipangandikani: “Wong kang padha melu aku iku mbok padha kokwenehi roti sawatara, awit wis padha sayah, aku lagi padha ngoyak-oyak Zebah lan Salmuna, ratune wong Midian.”
6. Nanging para panggedhe ing Sukot padha matur: “Zebah lan Salmuna punapa sampun karegem ing asta panjenengan, dene kula kok sami kadhawuhan nyukani roti dhateng wadya-bala panjenengan punika?
7. Pangandikane Sang Gidheon: “Yen mangkono manawa Sang Yehuwah ngulungake Zebah lan Salmuna marang ing tanganku, awakmu bakal daksapu klawan eri pasamunan lan rerungkudan.”
8. Tumuli nglajengake tindake tutug ing Pnuel, lan wong ing kono uga didhawuhi kaya mangkono, nanging wong ing Pnuel iku iya mangsuli kaya kang dadi wangsulane wong ing Sukot mau.
9. Wong Pnuel banjur dipangandikani uga: “Manawa aku bali slamet, menara iki bakal dakrubuhake.”