Para Hakim 6:38-40 Kitab Sutji (JAV)

38. Lan iku iya kelakon kaya mangkono, sabab ing dina esuke bareng Gidheon tangi ing wayah umun-umun sarta guntingan wulu mau diepuh, anggone meres ebun ing guntingan mau, oleh banyu samangkok kebak.

39. Gidheon tumuli matur marang Gusti Allah: “Mugi sampun ngantos mulad-mulad bebendu Paduka dhateng kawula, manawi kawula taksih munjuk sapisan malih, namung sapisan punika kemawon: Kawula mugi kalilanana ngawontenaken coben-coben srana guntingan wulu punika, namung sapisan punika malih: sapunika mugi namunga guntingan wulu kemawon ingkang garing, dene ing siti sadaya wontena ebunipun.”

40. Anadene Gusti Allah iya nindakake kang kaya mangkono ing wayah bengi iku, sabab mung guntingan wulu thok kang garing, dene lemahe kabeh padha kebunan.

Para Hakim 6