27. Wong Israel tumuli padha neges marang Sang Yehuwah -- pethining prasetyaning Allah ing nalika samana ana ing kono,
28. lan nalika iku Pinehas bin Eleazar, bin Harun dadi imaming Allah -- unjuke: “Punapa kawula kedah mangsah perang malih nglawan sadherek kawula bani Benyamin punika, punapa kedah kawula kendeli?” Dhawuhe Sang Yehuwah: “Padha mangsaha, amarga sesuk bakal Sunulungake ing tanganira.”
29. Wong Israel banjur pacak baris pendhem ana ing sakubenge Gibea.
30. Ing telung dinane wong Israel mangsah nglawan bani Benyamin, lan padha pasang gelar perang nglawan Gibea kaya kang uwis-uwis.
31. Wong bani Benyamin tumuli padha mangsah perang, temah padha kapancing saka ing kuthane, sarta wiwit nggepuk oleh pepati saka bala Israel sawetara kaya kang dhisik, papane ana ing ratan gedhe loro, kang siji ngener menyang ing Betel, sijine metu ing ara-ara anjog ing Gibea, temah kira-kira ana wont telung puluh saka wong Israel kang pinatenan.
32. Ing kono pangucape bani Benyamin: “Wis padha kalah ana ing ngarep kita kaya kang dhisik kae.” Nanging wong Israel ing maune wus padha sarujukan: “Payo padha lumayu mancing wong-wong iku saka ing kutha menyang ing dalan-dalan gedhe.”