Pangandharing Toret 8:13-16 Kitab Sutji (JAV)

13. sarta samangsa sapi lan wedhusmu wus padha ngambra-ambra, apadene emas lan salakamu wus mundhak akeh, iya sabarang darbekmu saya wuwuh-wuwuh,

14. atimu aja nganti gumunggung, temah lali marang Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, kang wus ngentasake kowe saka ing tanah Mesir, saka ing omah pangawulan;

15. tuwin kang wus ngirid lakumu ngliwati pasamunan kang amba lan nggegirisi, panggonan ula mandi lan kalajengking, kang tanahe garing tanpa banyu. Panjenengane kang damel metune banyu saka ing gunung parang kang atos kanggo kowe;

16. kang maringi pangan man marang kowe ana ing pasamunan, kang durung tau disumurupi dening para leluhurmu, karsane ngesorake atimu lan nyoba marang kowe, kang karsane mung arep nandukake kabecikan marang kowe, ing wekasane.

Pangandharing Toret 8