Pangandharing Toret 4:12-15 Kitab Sutji (JAV)

12. Pangeran Yehuwah tumuli mangandikani kowe saka ing satengahe geni, kowe padha krungu swaraning pangandika, nanging ora ndeleng rerupan, mung swara.

13. Kowe padha diparingi sumurup prasetyane, kang kadhawuhake supaya koklakoni, yaiku Pangandika Sapuluh kang tumuli kaserat ing papan watu loro.

14. Sarta ing nalika iku aku iya didhawuhi dening Sang Yehuwah mulangake katetepan lan pranatan, supaya iku padha koklakoni ana ing tanah kang bakal kokparani lan bakal kokejegi.

15. Mulane dingati-ati, -- marga kowe ora ndeleng rerupan apa-apa ing kalane Sang Yehuwah mangandikani kowe ana ing gunung Horeb saka ing satengahe geni --,

Pangandharing Toret 4