Pangandharing Toret 18:8-11 Kitab Sutji (JAV)

8. iku cadhonge kagawea racak padha, iku kajaba pepayone anggone ngedol barang warisane saka leluhure.”

9. “Samangsa kowe wus lumebu ing nagara kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe, kowe aja banjur sinau nglakoni jejember kang ditindakake dening bangsa-bangsa ing kono.

10. Ing antaramu aja ana kang ngurbanake anake lanang utawa wadon srana kaobong, utawa dadi juru tenung, juru pethek, juru petung, juru sikhir lan juru gendam,

11. kang olah japa-mantra, kang njaluk katrangan marang arwah utawa marang roh memethek, sarta kang neges marang wong mati.

Pangandharing Toret 18