Pangandharing Toret 12:16-19 Kitab Sutji (JAV)

16. mung getihe aja nganti padha kokpangan, iku esokna ing bumi kayadene banyu.

17. Mungguh pisungsung prasepuluhane gandum, anggurmu sarta lengamu, apamaneh pembarepe sapimu lan wedhusmu, iku aja kokpangan ana ing panggonanmu, mangkono uga kurban kang bakal kokpunagekake, apadene pisungsungmu manasuka, utawa pisungsung sesaosanmu kang mligi.

18. Nanging anggonmu mangan iku anaa ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ing panggonan kang bakal kapilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iya kowe, dalah anak-anakmu lanang lan wadon, baturmu lanang lan wadon lan wong Lewi kang ana ing wewengkonmu. Kowe padha bungah-bungaha ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah Gusti Allahmu, marga saka samubarang kang wus koktandangi.

19. Dingati-ati, kowe aja nganti nglirwakake marang wong Lewi, salawase kowe manggon ana ing tanahmu.

Pangandharing Toret 12