Pangandharing Toret 12:12-14 Kitab Sutji (JAV)

12. Kowe nuli padha bungah-bungaha ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iya kowe dhewe, iya anak-anakmu lanang lan wadon, batur-baturmu lanang lan wadon, dalah wong Lewi kang dedunung ana ing panggonanmu, marga iku ora melu nduweni tanah pusaka ing tengahmu.

13. Dingati-ati kowe aja nganti nyaosake kurbanmu obaran ing angger panggonan kang koksenengi;

14. nanging mung ana ing panggonan kang bakal dipilih dening Sang Yehuwah ana ing dhaerahe salah sijining talermu, ana ing kono anggonmu padha nyaosake kurbanmu obaran, lan ana ing kono anggonmu nglakoni sabarang apa kang dakprentahake marang kowe.

Pangandharing Toret 12