Pangandharing Toret 10:1-3 Kitab Sutji (JAV)

1. “Ing nalika iku Pangeran Yehuwah ngandika marang aku: Sira nataha papan watu loro kaya kang dhisik, nuli munggaha ing gunung iki sebaa marang ing ngarsaningSun; lan sira nuli gawea pethi kayu siji.

2. Papan mau bakal Sunserati pangandika kaya kang maune ana ing papan kang dhisik kang wus sira pecah; nuli padha sira selehna ana ing jero pethi iku.

3. Aku banjur gawe pethi kayu sitah, lan natah papan watu loro kaya kang dhisik, tumuli aku munggah ing gunung karo nggawa papan loro mau.

Pangandharing Toret 10