11. Nanging para mungsuhku padha mikir: “Kana ora bakal padha sumurup lan ora bakal padha weruh apa-apa, nganti aku padha teka ana ing tengahe lan padha mateni wong-wong iku, sarta nglereni pagaweane.”
12. Bareng wong-wong Yahudi kang padha manggon ing sacedhake wus nganti ambal ping sapuluh anggone ngelingake marang aku: “Tiyang-tiyang punika badhe sami nempuh kita saking sakathahing papan padununganipun”,
13. aku banjur mapanake rakyat manut gotrah kulawangsane kalawan asikep pedhang, tumbak lan panah ana ing ledhokan ing saburine balowarti ing papan-papan kang lempar.
14. Sawuse kabeh dakulatake, aku tumuli ngadeg mituturi marang para pemimpin lan para panggedhe tuwin wong akeh liyane: “Sampun sami ajrih dhateng tiyang-tiyang punika, sami engeta dhateng Gusti Allah ingkang mahaagung lan nggegirisi sarta sami nglampahana perang nglabuhi sadherek-sadherek panjenengan, para putra panjenengan jaler estri, garwa panjenengan lan pemahan panjenengan.”