Nahum 3:2-7 Kitab Sutji (JAV)

2. Rungokna cumethering pecut lan gumledheging rodha,rungokna playuning jaran kang pating kethoplak lan gumenjoting kreta-kreta!

3. Bala jaranan nempuhpedhange cumleretlan tumbake gumebyar!Akeh kang padha mati, jisim tumpukundhung,tanpa wilangan cacahe jisim,wong-wong nganti padha kesandhung ing jisim!

4. Iku kabeh marga saka akehe pasundelan kang katindakake dening wong wadon tuna-susila,kang endah warnane lan ahli sihir,kang ngloropake bangsa-bangsa srana anggone laku jina,lan golongan-golongan srana sihire.

5. Pangandikane Pangeran Yehuwah Gustining sarwa dumadi:“Lah Ingsun bakal nglawan marang sira,pojoking jaritira bakal Sunlingkabake nganti tekan ing rainira,sarta bakal mitontonake wewadinira marang bangsa-bangsa,lan kawiranganira marang karajan-karajan.

6. Ingsun bakal ngebyuki sesuker marang sira,sira bakal Sunanggep remehlan Sundadekake tontonan.

7. Nuli sakehe wong kang ndeleng sira,bakal lumayu ninggal sira, kalawan ngucap:“Niniwe wus rusak!Sapa kang mesakake marang dheweke?Saka ngendi anggonku oleh juru-panglipur kanggo dheweke?”

Nahum 3