3. Panjenengane banjur minggah ing salah sijine prau iku, yaiku praune Simon, lan dhawuh, supaya praune rada didohake saka ing dharatan. Banjur lenggah lan memulang marang wong akeh mau saka ing prau.
4. Bareng wis rampung, tumuli ngandika marang Simon: “Mancala menyang ing panggonan kang jero, jalamu tibakna supaya oleh iwak.”
5. Simon mangsuli, unjuke: “Guru, sampun sadalu muput anggen kawula sami nyambutdamel kanthi saestu, boten angsal punapa-punapa, ewadene margi saking dhawuh Paduka, kawula inggih badhe ndhawahaken jala.”
6. Sawise ditibakake, padha oleh iwak akeh banget, nganti jalane bedhah.
7. Kancane kang ana ing prau sijine padha diawe, dikon teka ngrewangi. Iya banjur padha teka, praune loro pisan diemoti, kebak nganti meh kerem.
8. Nalika Simon nyumurupi kang mangkono iku, banjur nyungkemi jengkune Gusti Yesus sarta munjuk: “Gusti, Paduka mugi karsaa nilar kawula, awit kawula punika tiyang dosa.”