Lukas 21:1-3 Kitab Sutji (JAV)

1. Bareng Gusti Yesus tumenga, mirsa wong-wong sugih padha nglebokake pisungsunge ana ing pethi pisungsung.

2. Tumuli iya mirsani randha miskin kang nglebokake pisungsung rong igar.

3. Banjur ngandika: “Aku pitutur marang kowe: Satemene kang dipisungsungake randha miskin iku luwih akeh katimbang wong kabeh iku.

Lukas 21