Lukas 2:6-11 Kitab Sutji (JAV)

6. Bareng wis tekan kono, Maryam anggone ngandheg wis tekan ing leke,

7. banjur mbabar Putra kakung, kang pambajeng, nuli digedhong lan diselehake ing pemakanan, sabab ana ing papan panginepan padha ora komanan panggonan.

8. Kacarita ing jajahan kono ana pangon-pangon kang padha nginep ing ara-ara njaga pepanthaning kewane.

9. Dumadakan ana malaekating Pangeran jumeneng ing sacedhake sarta padha kasorotan ing cahya kamulyane Pangeran temahan padha wedi banget.

10. Malaekat mau tumuli ngandika marang wong-wong mau: “Aja padha wedi, lan kowe padha dakwartani kabungahan gedhe, kang bakal tumrah marang sabangsa kabeh:

11. Ing dina iki wis miyos Juru-slametmu, yaiku Sang Kristus, kang jumeneng Gusti, ana ing kuthane Dawud.

Lukas 2