23. Sarta wong bakal ngandhani kowe: Lah, ana ing kana; lah ana ing kene! Kowe aja mrana lan aja kelu.
24. Awitdene kaya kilat anggone gumebyar saka ing tepining langit ing sisih kene tekan ing sisih kana, iya kaya mangkono uga ing dina bakal rawuhe Putraning Manungsa.
25. Nanging Panjenengane kudu nandhang sangsara akeh dhisik lan katampik dening jinis iki.
26. Sarta kayadene nalika jamane Nabi Nuh, iya kaya mangkono kaanane besuk ing dina-dinane Putraning Manungsa.
27. Wong-wong padha mangan lan ngombe, padha omah-omah lan diomah-omahake, nganti tumeka ing dinane Nabi Nuh lumebet ing prau; banjur ana banjir gedhe, kang numpes wong kabeh.