49. jalaran Kang Mahakuwasa wis nindakake pakaryan-pakaryan kang pinunjul marang aku sarta suci asmane.
50. Tuwin rahmate turun-tumurun tumrap wong kang wedi asih marang Panjenengane.
51. Panjenengane ngatingalake panguwaose kaawan pakaryaning astane lan mbuyarake wong kang angkuh atine.
52. Panjenengane nglorod wong-wong kang kuwasa saka ing kalenggahane, lan ngumurake wong kang asor.
53. Panjenengane ngluberake samubarang kang becik marang wong kang keluwen, lan wong kang sugih padha tinundhung legeh.
54. Panjenengane nulungi Israel, abdine, awit enget marang rahmate,
55. kaya kang wis kaprasetyakake marang leluhur kita, marang Rama Abraham lan turun-turune, kanggo ing salawas-lawase.”