Lelakone Para Rasul 7:1-4 Kitab Sutji (JAV)

1. Imam Agung tumuli ngandika: “Apa iya bener mangkono?”

2. Atur wangsulane Sang Stefanus: “Para sadherek saha para bapa, sumangga sami karsaa midhangetaken. Gusti Allah ingkang Mahamulya sampun ngatingal dhateng leluhur kita Rama Abraham nalika taksih wonten ing tanah Mesopotamia, saderengipun dedalem wonten ing Haran,

3. saha mangandikani makaten: Sira lungaa saka ing tanahira lan saka ing sanak sadulurira sarta menyanga ing tanah, kang bakal Suntedahake marang sira.

4. Panjenenganipun lajeng linggar saking tanahipun tiyang Kasdim, saha dedalem wonten ing kitha Haran. Sasedanipun ingkang rama, lajeng kadhawuhan dening Gusti Allah pindhah saking ngriku dhateng ing tanah ngriki, ingkang sami panjenengan dalemi sapunika.

Lelakone Para Rasul 7