Lelakone Para Rasul 25:4-8 Kitab Sutji (JAV)

4. Nanging Sang Festus paring wangsulan, yen Rasul Paulus tetep ditahan ana ing Kaisarea, dene panjenengane piyambak bakal enggal-enggal kondur mrana.

5. Pangandikane: “Mulane wong-wong panunggalanmu kang padha nyekel panguwasa supaya padha mrana bebarengan karo aku lan ngajokake pandakwane, manawa ana kaluputane.”

6. Sang Festus anggone lereb ana ing Yerusalem ora luwih saka wolu utawa sapuluh dina, banjur kondur menyang Kaisarea. Esuke panjenengane lenggah ing pangadilan lan dhawuh ngladekake Rasul Paulus.

7. Bareng Rasul Paulus wis disowanake, kabeh wong Yahudi kang teka saka ing Yerusalem padha ngadeg ngepung lan ngaturake gugatan akeh kang abot tumrap panjenengane kang ora bisa dibuktekake dening wong-wong mau.

8. Kosok-baline Rasul Paulus ngaturake panjawab mangkene: “Kula sakedhik kemawon boten lepat, punapa dhateng angger-anggering Toretipun tiyang Yahudi, punapa dhateng Padaleman Suci utawi dhateng Sang Nata Agung.”

Lelakone Para Rasul 25