20. Kacarita Sang Prabu Herodhes duka banget marang wong Tirus lan Sidon. Wong-wong mau padha saiyeg bebarengan sowan menyang ing ngarsane sarta padha kalakon bisa ngrimuk Blastus, punggawa ing kratone Sang Nata, supaya mbiyantu wong-wong mau. Banjur padha nyuwun bedhami, awit nagarane iku oleh pangan saka ing bawahe Sang Prabu.
21. Ing dina kang wus katamtokake, Sang Prabu Herodhes ngrasuk busananing ratu banjur lenggah ing dhampar lan ngandika marang wong-wong mau.
22. Ing kono rakyat padha nampani pangandika iku kanthi asurak-surak, sarta ngucap: “Punika swaraning allah lan sanes swaraning manungsa!”
23. Padha sanalika Sang Prabu banjur kagebag dening malaekating Pangeran, jalaran ora ngunjukake pangaji-aji marang Gusti Allah. Panjenengane seda kamangsa ing cacing.
24. Kacarita pangandikane Pangeran saya sumebar lan saya akeh kang ngrungokake.
25. Barnabas lan Saulus, sawise ngrampungake kawajibane, banjur bali saka ing Yerusalem, Yokanan kang uga peparab Markus diajak.