Kohelet 12:9-12 Kitab Sutji (JAV)

9. Sang Kohelet iku kajaba kagungan kawicaksanan, iya paring piwulang bab kawruh marang umat. Panjenengane nenimbang, nguji lan nganggit bebasan akeh.

10. Sang Kohelet ngangkah bisane manggih tetembungan kang nyenengake lan nyerat tetembungan bab kabeneran kalawan jujur.

11. Tembung-tembunge wong wicaksana iku kayadene kawat eri lan keklumpukane tulisane kaya paku-paku kang tumancep, pawewehe sawijining pangon.

12. Sarta maneh, anakku, sing waspada! Nganggit buku akeh iku ora ana uwise lan sinau akeh iku gawe keseling awak.

Kohelet 12