4. Nanging Ingsun iki Yehuwah Allahira,wiwit nalika sira ana ing tanah Mesir;sira ora wanuh allah liyane, kajaba Ingsun,iya ora ana Juruslamet maneh liyane Ingsun.
5. Ingsun kang wanuh sira ana ing pasamunan,tanah kang banget panase.
6. Bareng wus padha mangan suket, banjur bisa wareg,bareng wus wareg, nuli kumalungkung,temahan padha lali marang Ingsun.
7. Mulane Ingsun dadi kayadene singa tumrap wong-wong iku,lan kaya macan tutul, Ingsun ndhedhep ana ing pinggir dalan.
8. Ingsun ngrawuhi wong-wong iku kaya bruwang wadon kang kelangan anak,Sunsuwek-suwek dhadhane.Sunmangsa ana ing kono, kaya singa,banjur bakal kaowol-owol dening sato galak ing ara-ara.