4. Sungendeng kalawan talining kasetyaan,iya kalawan tetalenaning katresnan.Tumrap bangsa iku Ingsun kaya wong kang ngangkat pasangan saka ing uwange,Ingsun ndhingkluk lan maringi pangan.
5. Wong-wong iku kudu padha bali menyang tanah Mesir,sarta Asyur kang bakal dadi ratune,marga padha ora gelem mratobat.
6. Pedhang bakal ngamuk ana ing kutha-kuthane,bakal ngrusak slarak-slaraking lawange,sarta mangsa wong-wong iku ana ing beteng-betenge.
7. UmatingSun betah ngungkurake Ingsun,padha njaluk tulung marang Baal,lan leren anggone ngluhurake asmaningSun.
8. He Efraim, mangsa Ingsun ngetogake marang sira,ngulungake sira, he Israel!Mangsa Ingsun ngetogake sira kaya Adma,ndadekake sira kaya Zeboim!PanggalihingSun dadi pulih,sih-piwelasingSun kagugah babar pisan.
9. Ingsun ora bakal nandukake bebenduningSun kang mulad-mulad,Efraim ora Suntumpes maneh,marga Ingsun iki Allah lan dudu manungsa,Kang Mahasuci ana ing tengahira,sarta Ingsun ora rawuh arep mbesmi.