8. manawi kawula angsal sihkadarmanipun Sang Prabu, sarta manawi kepareng ing karsa dalem maringi kawula ingkang dados pangajeng-ajeng kawula, saha ngleksanani ingkang dados panyuwun kawula, mugi Sang Prabu karsaa rawuh nedhaki ing bujana ingkang badhe dalem saosaken malih, sarta Haman mugi kalilana ndherek, benjing-enjing kawula badhe ngestokaken dhawuh dalem.”
9. Ing dina iku Sang Haman mundur kalawan rena lan gambira panggalihe. Nanging bareng Sang Haman mau mirsani Pak Mordekhai ana ing gapuraning kadhaton, ora ngadeg lan ora obah ngurmati ana ing ngarsane Sang Haman, galihe Sang Haman benter banget tumrap Mordekhai.
10. Nanging Sang Haman ngampet dukane mau, sarta sawuse kondur ing daleme, tumuli utusan nglumpukake para mitra lan Zeresy garwane.
11. Sang Haman nyaritakake bab gedhening kasugihane sarta sakehing putrane kakung, apamaneh sakehe kaluhurane, kang diparingake dening Sang Prabu, sarta anggone kawisudha ngungkuli para panggedhe lan para abdine Sang Prabu kabeh.
12. Sang Haman banjur ngandika maneh: “Apa maneh Sang Prameswari Ester anggone ngaturi Sang Prabu marang bujana sesaosane, ora kanthi nimbali wong liyane sawiji-wijia kejaba mung aku dhewe lan aku ditimbali seba maneh sesuk, ndherek tedhake Sang Prabu.