12. Aku banjur dipangandikani mangkene: “Aja wedi, Dhaniel, amarga wiwit dina kapisan anggonmu nduweni niyat kapengin oleh pangreten lan anggonmu ngasorake awakmu ana ing ngarsaning Allahmu, panyuwunanmu wus katrimah, dene anggonku teka iki iya marga saka panyuwunanmu iku.
13. Panggedhene karajan Persia iku nglawan marang aku lawase selikur dina; nanging Sang Mikhael, sawijining panggedhe kang pinunjul, iku rawuh mbiyantu aku, nuli daktinggal ana ing kana nalika lagi ajeng-ajengan karo para rajane wong Persia.
14. Aku banjur mrene prelu aweh sumurup marang kowe bab apa kang bakal kelakon tumrap bangsamu besuk ing dina wekasan, amarga wahyu iki iya tumuju marang jaman kang bakal kelakon.”
15. Nalika bab iki dipangandikakake marang aku, aku tumungkul kalawan njenger.
16. Nanging tumuli ana kang ndemok lambeku, kang sawangane kaya manungsa; aku banjur mbukak cangkemku lan wiwit celathu, matur marang kang jumeneng ana ing ngarepku iku: “Dhuh Bendara, margi saking wahyu punika kawula lajeng ngraos sakit saha boten kadunungan kakiyatan malih.
17. Nanging kadospundi dene kawula, ingkang abdi kok saged wawan rembag kaliyan Bendara kawula, mangka kawula sampun boten gadhah kakiyatan malih saha sampun boten wonten ambekan kawula?”