Ayub 26:9-13 Kitab Sutji (JAV)

9. Dhampare tinutupan dadi ora kena sinawangmarga kaaling-alingan ing mendhunge.

10. Lumahing banyu wus winatesan kalawan buwengannganti tekan ing antarane pepadhang lan pepeteng.

11. Saka-sakaning langit padha gonjang-ganjingkaget marga saka bebendune.

12. Sagara disirepake sarana pangwasane,sarta sarana kawicaksanane anggone nggecak marang Rahab.

13. Sarana napase langit kadadekake terang,tuwin naga kang cukat tinuwek dening astane.

Ayub 26