Ayub 15:18-22 Kitab Sutji (JAV)

18. yaiku kang dipratelakake dening para wicaksanakang anggone sumurup saka para leluhure ora nganggo digawe wadi,

19. nalika nagara mung kaparingake marang wong-wong mau,lan ora ana wong manca kang lumebu ing kono.

20. Wong duraka nandhang giris sajege urip,wong kang ambek siya iya mangkono uga ing sajroning taun-taun kang cinadhangake.

21. Swara-swara kang nggegirisi tumama ing kupinge,ing mangsa tentrem dheweke ketekan juru pangrusak.

22. Wus ora duwe pangarep-arep yen bisa metu saka ing pepeteng,wus pinesthi dadi pakaning pedhang;

Ayub 15