2 Samuel 3:1-7 Kitab Sutji (JAV)

1. Peperangane antarane kulawargane Prabu Saul lan kulawargane Prabu Dawud kelantur-lantur; Prabu Dawud sangsaya suwe sangsaya santosa, balik kulawargane Prabu Saul sangsaya ringkih.

2. Para putrane kakung Prabu Dawud kang miyos ana ing kutha Hebron, kang pembayun, patutan saka Ahinoam, wong wadon saka Yizreel, asmane Amnon;

3. putrane panenggak, patutan saka Abigail randhane Nabal, wong ing Karmel, asmane Kileab; putrane pandhadha asma Absalom, patutan saka Sang Putri Maakha, putrane Sang Prabu Talmai, ratu ing Gesur,

4. putrane kang kapat, patutan saka Hagit, asmane Adonia, putrane kang kalima, patutan saka Abital, asmane Sefaca,

5. lan putrane kang kanem, patutan saka Egla, asmane Yitream. Iku kabeh putrane Prabu Dawud kang miyos ana ing Hebron.

6. Salawase ana peperangan antarane kulawargane Sang Prabu Saul lan kulawargane Sang Prabu Dawud, Sang Abner saya gedhe pangaribawane ing satengahe kulawargane Prabu Saul.

7. Sang Prabu Saul kagungan tilaran garwa ampeyan jenenge Rizpa, anake wadon Aya. Prabu Isyboset ngandika marang Senapati Abner: “Kenging punapa sampeyan kok ngempali ampilipun kanjeng rama?”

2 Samuel 3