13. Lan saupami panjenenganipun mundur mlebet dhateng salah satunggaling kitha, sadaya bala Israel badhe ningseti kitha punika lan saged kita larak dumugi ing lepen, temah boten wonten krikil satunggal kemawon ingkang taksih pinanggih wonten ing ngriku malih.”
14. Pangeran Absalom banjur ngandika lan sakehe wong Israel padha ngucap: “Pirembuge Husai, wong Arki iku, luwih becik tinimbang karo rembuge Akhitofel.” Amarga wus dadi karsane Sang Yehuwah, manawa pirembuge Akhitofel kang becik iku, diwurungake, supaya nekakake bilai marang Pangeran Absalom.
15. Husai banjur kandha marang Imam Zadhok lan Imam Abyatar: “Makaten-makaten pirembagipun Akhitofel dhateng Pangeran Absalom lan dhateng para sesepuhipun bangsa Israel, nanging rembag kula makaten-makaten.