1 Timoteus 5:24-25 Kitab Sutji (JAV)

24. Dosane wong sawatara iku cetha banget, nganti kaya-kaya ndhisiki wong-wong mau menyang ing pangadilan, nanging dosane wong sawatara maneh lagi kacetha besuk.

25. Samono uga panggawe becik iku enggal kacetha, lan yen ora mangkono, iku iya ora bisa terus-terusan kaaling-alingan.

1 Timoteus 5