1 Timoteus 3:8-14 Kitab Sutji (JAV)

8. Mangkono uga para juru pamulasara iya kudu wong kang kajen, kang ora ilat rangkep, ora karem anggur, ora srakah,

9. nanging wong kang bisa nyimpen wewadining pracaya ing sajroning swaraning batine kang suci.

10. Apamaneh sadurunge kudu iya diteter dhisik. Sawise mangkono lagi padha ditetepake ing bubuhan leladi, iku sawise kacihna yen tanpa cacad.

11. Kang wadon mangkono uga kudu kang kajen, kang ora dhemen mitenah, bisa ngendhaleni dhiri sarta kena dipracaya ing samubarang kabeh.

12. Juru pamulasara iku kudu kang arabi siji sarta kang prayoga anggone ngurus anak-anake lan brayate.

13. Amarga wong-wong kang becik anggone leladi iku oleh kalungguhan kang becik satemah marga saka anggone pracaya marang Gusti Kristus Yesus bisa aweh paseksen kalawan kendel.

14. Kabeh iku mau dakpacak ana ing layangku marang kowe, sanadyan pangarep-arepku bisaa enggal nekani kowe.

1 Timoteus 3