1 Tesalonika 4:14-16 Kitab Sutji (JAV)

14. Amarga yen kita pracaya, manawa Gusti Yesus wus seda lan wus kawungokake, kiat iya pracaya, yen wong-wong kang wus ngajal ana ing Gusti Yesus iku bakal padha diklumpukake dening Gusti Allah bebarengan karo Panjenengane.

15. Iku padha dakkandhakake marang kowe kalawan pangandikane Gusti: kita kang isih urip, kang isih kari nganti tumeka rawuhe Gusti, babar pisan ora bakal ndhisiki kang wus padha ngajal.

16. Awit samangsa ana tengara, yaiku samangsa malaekat pangedhe nguwuh-uwuh sarta kalasangkaning Allah kaunekake, ing kono Gusti piyambak bakal tumedhak saka ing swarga, lan wong-wong kang ngajal ana ing Sang Kristus bakal padha tangi dhisik.

1 Tesalonika 4