1 Tesalonika 4:12-14 Kitab Sutji (JAV)

12. Satemah uripmu katon susila ana ing ngarepe wong-wong ing jaba sarta ora gumantung marang wong-wong mau.

13. Anadene karepku, para sadulur, kowe aja padha ketambuhan bab para wong kang wis ngajal, supaya kowe aja padha prihatin kaya wong-wong liya kang ora duwe pangarep-arep.

14. Amarga yen kita pracaya, manawa Gusti Yesus wus seda lan wus kawungokake, kiat iya pracaya, yen wong-wong kang wus ngajal ana ing Gusti Yesus iku bakal padha diklumpukake dening Gusti Allah bebarengan karo Panjenengane.

1 Tesalonika 4